Katon ing Kaping

Kegem nyipto kawruh dumuning ngraosaken cahyoning roso

Mangertos ajining kawruh, kadunyan sampun mboten dados papan ingkang kepenak

Manungso koyo-koyo mlayu ngadoh saking aji, nanging

Minangka sakkabehane punika inggih menika takdir saking Gusti Pangeran

Katon ing kaping,

Manggon ing jembaring papan, mikul ing sajroning nafsu

Mrono mrene mung badhe pethuk kecelik

Seroyo nenggo Malaikat nyowani aji ingkang sejati

Gething…Tresno

Mboten adil…Tumrap bebrayan

Kelaknatan…Kasucian

Sedaya punika sampun mesthi kalakon

Sumeleh kagem Paduka